ATUR PANAMPI LAMARAN
Nuwun, nuwun, nuwun, kula nuwun.
Assalamualaikum wr. wb.
Para sesepuh, para pinisepuh
dalasan para lenggah ingkang dhahat kinurmatan, langkung - langkung brayat
agung panjenenganipun adhimas Harjuno ingkang dipun sulih sarirani dening
panjenenganipun Adhimas Nakulo lan kaamping – ampingi dening adhimas Werkudoro
lan adhimas Sadewo
Katentreman, karahayon,
karaharjan lan kabagaswarasan inggih awit saking rakhmating Gusti ingkang maha
Agung mugi tansah lumintu dhateng panjenengan sedaya dalasan kula waradin
sagung kulawarga.
Kula pun Patih Udowo kumawani
matur wonten ngarso panjenengan inggih awit mundi dhawuh saking kangmas Kresna
sarimbit :
Ingkang sepisan :
Paring pangabekti saha salam
taklim saking adhimas Harjuno miwah brayat agung wonten madukoro sampun kula
tampi lan enggal kula aturaken dhateng para sesepuh pini sepuh miwah kang mas
Kresna sakulawangsa kosok wangsulipun mugi salam taklim saking kang mas Kresna sakulawarga
mugi kaaturaken dateng panjenenganipun adhimas Harjuno sabrayat kairing
panyuwunan mugi Gusti tansah paring panuntun, pangayoman saha berkah
Ingkang kaping kalihipun :
Sejatosipun kang mas Kresna
sakulawarga estu - estu sampun kapang kalian adhimas Harjuno, namung kados
pundi malih menawi pancen taksih kathah ayahan mugi adhimas Harjuno saged
ngrampungaken kanthi sae lan sanes wedal saged tuwi dhateng papan ngriki.
Dene kaping tiganipun :
Magepokan kalian krentegipun
adhimas Harjuno anggenipun badhe nyuwun roro ayu Dewi Supraba badhe kadadosaken
jatukramane bagus Abimanyu, bab punika purba wasesa sawetahipun wonten astaning
kang mas Kresna sarimbit minangka tiyang sepuhipun saha roro ayu Dewi Supraba
ingkang badhe nglampahi. “Kados pundi kang mas Kresna punapa roro Supraba
sampun mangertos lan sampun dipun taros?” Kang mas Kresna manthuk ateges dereng
wonten rembag ingkang gumathok kalian pria sanes, kajawi punika ingkang
nglampahi saha sedaya kulawarga sampun sarujuk naging sejatosipun roro ayu Dewi
Supraba taksih kirang sanget pangertosanipun langkung – langkung ing babagan
subasita miwah tata krama. Menawi bab – bab ingkang mekaten sampun kagalih
miwah kapetang, mboten sanes namung sumangga.
Mekaten menggah atur
kula, dene kula minangka sulih sarira saking kang mas Kresna sakulawangsa,
hambok bilih wonten sisip sembiring atur, patrap ingkang murang tata, keparenga
paring pangaksama.
Nuwun, nuwun, nuwun, matur
nuwun
Wassalamualaikum wr.
wb.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar