ATUR PASRAH
LAMARAN
Nuwun, nuwun,
nuwun, kula nuwun.
Assalamualaikum wr. wb.
Puja puji sokur
konjuk ing sahandap pepadaning Gusti ingkang Maha Agung ingkang sampun kepareng
paring pangayoman dhateng lampah kula wiwit saking nggriya ngantos ing dalem
ngriki kanthi kawilujengan.
Sih rahmating
Gusti ingkang maha wikan mugi tansah tumedhak, saha tumanduk ing sariranipun kang
mas Kresna sakulawarga wiwit titiwanci kalenggahan punika ngantos dumugi ing
jaman patimbalan.
Keparengna kula
tetiga anepangaken , kula pun Nakula dene sisih tengen kula punika kang mas
Werkudoro lan sisih kiwa adhimas Sadewa. Wondene sowan kula tetiga minangka utusan saking kang mas Harjuno :
Sepisan
Kang mas Harjuno ngaturaken sungkem pangabekti katur ing ngarsanipun para
sesepuh pini sepuh ing ngriki, saha ngaturaken salam taklim mugi katur dhateng kang
mas Kresna, mboten kesupen ugi paring pandonga dhateng putra wayah kinasih.
Kaping kalihipun
Tadhah deduka inggih awit kang mas Harjuno mboten saged sowan piyambak ing
ngarsanipun kang mas Kresna jalaran taksih kabidung ing bot repoting pakaryan.
Awit saking punika kang mas Kresna namung nyuwun lumunturing sih pangapunten,
kanthi aprajanji bilih sanes wedal badhe merloaken sowan.
Menggah ingkang kaping tiga
Ingkang mujudaken wigatosing rembag inggih punika kang mas Harjuno sanget
oneng ing penggalih jalaran tinangisan dening putra kakungipun ingkang akekasih
anak mas bagus Abimanyu ingkang sanget kayungyun saha kasmaran dhateng putra
putrinipun kang mas Kresna ingkang asesilih roro ayu Dewi Supraba. Paribasan
siang tan arsa dhahar dalu tan arsa sare namung citranipun roro ayu Dewi
Supraba ingkang kumanthil kanthil wonten ing pandoming netra.
Pramila kanthi andhap asoring manah sowan kula saperlu ngebun – ebun enjang
ajejawah sonten hambok bilih dereng wonten rembag ingkang gumathok kalian pria
sanes mugi wonten keparengipun kang mas Kresna maringaken roro ayu Dewi Supraba
minangka jatukrama lan lelimbangane gesang tumrap bagus Abimanyu.
Wondene menawi atur panyuwunan punika mboten dados karenaning penggalih
tumrap kang mas Kresna kula namung hanyenyadhong lumunturing sih pangapunten.
Murih sawangsul kula sowan ing ngarsaning kang mas Harjuno saged atur
palapuran, keparengna kang mas Kresna paring dhawuh pancasan tumrap
panyuwunanipun kang mas Harjuno miwah bagus Abimanyu.
Mekaten ingkang dados atur kula matur nuwun sanget menggah kawigatosanipun
lan nyuwun pangapunten hambok wonten bab – bab ingkang damel kirang sukarena.
Nuwun, nuwun, nuwun, matur nuwun
Wassalamualaikum wr. wb.
beasa jawi sampun kantun wonten ing cyber media. wondhene blog punika mugi dhadhosa simpenan bilih kala semanten taksih wonten kabudhayan ingkang kadhos makaten alus lan titinipun: bukti nyata bilih bangsa jawi sanes sakadha rbangsa ingkang namun mbujeng betah kadhonyan, sa grta uh basa ilan kabudhayan ingkang adhi linuhung. nadhyan jaman samangke kantun gaduh ndhangndhut tuwin samudhayanipun namung sakadhar 'asal (maasih) hidup.'
BalasHapus