HASTUNGKORO PAMBUKA
Para kadang sedaya,
saderengipun pepanggihan ing dalu punika kawiwitan sumangga penjenengan sedaya
kula dherekaken manengkupujabrata dhateng Gusti ingkang maha agung mugi
pepanggihan punika wiwit purwa, madya ngantos dumugining wasana saged lumampah
kanthi rancag mboten wonten pambeng setunggal punapa lan ngasilaken seserepan
ingkang migunani tumrap penjenengan sedaya dalasan kula. Manengkupuja nut agami
saha gegebengan sowang – sowang kawiwitan
(Sedaya ingkang
rawuh sami ndedonga sacekapipun .......... )
Menengkupuja purna.
HASTUNGKORO PANUTUP
Para kadang sedaya ing dalu punika pepanggihan sampun lumampah kanthi sae
lan rancag namung saderengipun pepanggihan dipun pungkasi sumangga penjenengan
sedaya kula dherekaken nyenyuwun dhateng Gusti ingkang maha agung mugi Gusti
tansah kepareng hangayomi lampah penjenengan sedaya dalasan kula ngantos dumugi
papan panggenan sowang – sowang lan saged pinanggih malih ing pepanggihan
candakipun. Hastungkoro nut agami saha gegebengan
sowang – sowang kawiwitan.
(Sedaya ingkang rawuh sami ndedonga sacekapipun .......... )
Hastungkara purna.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar