ANCER - ANCER
ATURIPUN PANATACARA WONTEN ING UPACARA PAMBIDALING LAYON
Assalmualikum WR. Wb
Sih rahmat tentrem rahayu inggih awit peparing Gusti ingkang maha agung
mugi tansah kajiwa kasarira wonten jiwangga penjenengan sedaya dalasan kula
waradin sagung dumadi.
Para sesepuh pinisepuh ingkang mahambeg ing darmo, para kadang wreda muda
ingkang kula bekteni saha para takziah / pambelasungkawa ingkang satuhu bagya
mulya,
Innalillahi wainaillaihi rajiun, sampun marak sowan wonten pangayunaning
Gusti ingkang maha agung inggih titahing Gusti ingkang kinasih Bp/Ibu
.................... kalawau dalu tabuh .................... kanthi suasana
ingkang tentrem ayem tur jinem, badhe kapetak wonten astana laya
...............................................................
Kula ingkang kapatah minangka pambiwara ngaturaken sugeng siang, sugeng
rawuh, sugeng pepanggihan lan matur nuwun sanget menggah rawuhipun.
Saderengipun kula ngaturaken urut rantamaning upacara pambidaling layon sumangga
penjenengan sedaya kula dherekaken ngaturaken panuwun dhateng Gusti ingkang
maha welas lan asih ingkang sampun paring pinten – pinten nugraha miwah berkah
satemah penjenengan sedaya dalasan kula saged kempal manunggal kanthi kebag ing
karahayon miwah karaharjan.
Mboten kesupen sholawat sarta salam tansah kaunjukaken dhateng junjungan
nabi agung Muhammad saw ingkang tansah dipun tengga safaatipun mangke ing
dinten yaumul kiyamah.
Wondene urut
rantamaning upacara pambidaling layon :
1. Pambuka
2. Atur pambagyaharja saking ingkang nandhang duhkita
3. Atur pambelasungkawa saking warga RT ...........
4. Atur pambelasungkawa saking warga RW ............
5. Uapara adat brobosan
6. Pambidaling layon.
Para takziah/pambelasungkawa ingkang satuhu bagya mulya inggih awit wekdal
sampun nedahaken badhe tabuh setunggal sumangga upacara pambidaling layon
enggal kawiwitan kanthi waosan umul kitab. Alfatehah
...............................................
Minangka adicara salajengipun inggih atur pambagya harja saking ingkang
nandhang duhkita ingkang wekdal punika dipun sulih sarirani dening Bp.
............ Katur dhumateng Bp. ..................... wekdal kula
sumanggaaken.
(Pambagyaharja saking ingkang nandhang duhkita
.......................................................)
Para takziah/pambelasungkawa ingkang satuhu bagya mulya mekaten atur
pambagya harja saking ingkang nandang duhkita sampun kawedar salajengipun
adicara atur pambela sungkawa saking warga RT ........... ingkang badhe dipun
sulih sarirani dening bapa pangarsa RT ........... katur ingkang kinurmat Bp.
................ suasana sabda kula pasrahaken sawetahipun.
(Atur pambela sungkawa Bp. Pangarsa RT
...................................................................)
Para takziah/pambela sungkawa ingkang satuhu bagya mulya ndungkap adicara
salajengipun inggih punika atur pambela sungkawa saking warga RW ............
ingkang badhe dipun sulih sarirani dening Bp pangarsa RW ......... katur
ingkang kinurmat Bp. ................ sasana saha suasana sabda kula
sumanggaaken sawetahipun.
(Atur pambela sungkawa Bp. Pangarsa RW
..................................................................)
Wondene adicara salajengipun inggih punika upacara adat brobosan, kanthi
punika katur dhumateng sedaya putra wayah Bp/Ibu ................ suwargi mugi
kepareng kempal nindakaken upacara punika kanthi mbrobos kaping tiga.
(Putra wayah sami nindakaken upacara brobosan
.........................................................)
Sampun paripurna upacara brobosan kalajengaken upacara pambidaling layon
ingkang badhe dipun pandhegani dening Bp. Modin. Kula ingkang kapatah ndhrekaken
upacara punika hambok bilih wonten patrap saha galap gangsuling atur ingkang
kirang nuju prana kula nyuwun pangapunten ingkang kathah lan matur nuwun. Wassalam
wr. Wb.
Salajengipun wekdal kula pasrahaken dhateng Bp. Modin
Tidak ada komentar:
Posting Komentar