TANGGAP WACANA
ATUR PAMBELA SUNGKAWA SAKING PANGARSA RT
Assalmualikum WR. Wb
Para takziah ingkang kula hormati, Innalillahi wainaillaihi raji’un manungsa
punika namung kagunganipun Gusti, dhateng Gustinipun titah punika badhe
wangsul.
Nuwun kula nuwun,
Kula minangka salih sarira saking warga RT 20 ndherek belasungkawa inggih awit
sedanipun Eyang Semar ingkang tinimbilan
marak sowan wonten pangayunaning Gusti ingkang murbeng dumadi kalawau dalu
tabuh setunggal wonten griya sakit Karyadi.
Mboten sanes warga RT 20 namung saged ndherek memuji mugi - mugi Eyang
Semar suwargi dipun paringi pangapunten sedaya dosa miwah kalepatanipun nalika
taksih ngangge badan wadag lan mugi alusipun saged wangsul dhateng alam
kelanggengan, alam kesucian inggih alam kasuwargan. Kajawi saking punika mugi
kulawarga saha putra wayah ingkang tinilar mugi dipun paringi kekiatan lahir
lan batos satemah saged nampi pacoben punika kanthi tabah lan ikhlas.
Langkung saking punika warga RT 20 estu – estu ruamos kicalan kanthi sedanipun
Eyang Semar inggih awit Eyang Semar sampun kathah sanget lelabetanipun dhateng
warga RT 20 lan tansah saged dados tepa tulada ing babagan suba sita tata krama
lan anggenipun sesrawungan ing bebrayan agung.
Kula minangka sulih sasrira saking warga RT 20 nyuwunaken pangapunten
hambok bilih wonten warga RT 20 ingkang gadhah kalepatan dhateng Eyang Semar
suwargi kosok wangsulipun hambok bilih Eyang semar kagungan kalepatan dhateng
warga RT 20 mugi Gusti ingkang Maha Mirah tansah gluberaken samudra pangaksami.
Katur dhumateng para takziah mirungganipun warga RT 20 sumangga sareng –
sareng ndherekaken layonipun Eyang Semar dhateng astana laya Jonggring Saloka.
Minangka pepuntaning atur hambok bilih wonten klenta – klentunipun rembag
saking kula ingkang kirang mranani kula nyuwun gunging pangaksami.
Matur nuwun
Wassalam wr. Wb.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar