ATUR PANAMPI SARAT SARONO
Nuwun, nuwun, nuwun, kula nuwun.
Assalamualaikum wr. wb.
Para sesepuh, para pinisepuh
dalasan para lenggah ingkang dhahat kinurmatan, langkung - langkung brayat
agung panjenenganipun Bp. ……….. ingkang dipun sulih sarirani dening
panjenenganipun Bp. ……………..
Katentreman, karahayon,
karaharjan lan kabagaswarasan inggih awit saking rakhmating Gusti ingkang maha
Agung mugi tansah lumintu dhateng panjenengan sedaya dalasan kula waradin
sagung kulawarga.
Kula kumawani marak sowan hanggempil
kamardikan panjenengan sedaya ingkang nembe eco sekeco wawan rembag inggih awit
mundi dhawuh saking Bp. ……….. sarimbit :
Ingkang sepisan :
Salam taklim saking Bp. ………..…
miwah brayat sampun kula tampi lan enggal kula aturaken dhateng Bp. ……………..
sakulawangsa kosok wangsulipun mugi salam taklim saking Bp. ……………. sakulawarga
mugi kaaturaken dateng panjenenganipun Bp. …………….. sabrayat kairing panyuwunan
mugi Gusti tansah paring panuntun, pangayoman saha berkah
Ingkang kaping kalihipun :
Anggenipun masrahaken sarat
sarana minangka jejangkeping palakrama ingkang awujud ageman sapengadek, jajan
pasar, ubarampe panembah, kalpiko, arto minangka buwuh lan sanes – sanesipun inggih
sampun kula tampi kanthi suka rena penggalih lan enggal – enggal kula aturaken
ingkang hamengkugati, mugi – mugi sedaya kalawau pikantuk piwales saking Gusti
ingkang satraju kalian sedya tama panjenengan
Dene kaping tiganipun :
Hambok bilih anggen kula
nampi karawuhan panjenengan sedaya dereng cumbuh kalian tri trapsilaning hanampi
tamu ingkang magepokan kalian gupuh, lungguh lan suguh kula nyuwun gunging
pangaksami
Mekaten menggah atur kula,
dene kula minangka sulih sarira saking Bp. …………….. sakulawangsa, hambok bilih
wonten sisip sembiring atur, patrap ingkang murang tata, keparenga paring
pangaksama.
Nuwun, nuwun, nuwun, matur
nuwun
Wassalamualaikum wr.
wb.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar