TANGGAP WACANA
ATUR PAMBELA SUNGKAWA SAKING PANGARSA RW
Assalmualikum WR. Wb
Nuwun kula nuwun
Innalillahi wainaillaihi raji’un.
Para takziah ingkang satuhu bagya mulya,
Kula minangka sulih sarira saking warga RW 20 ndherek belasungkawa inggih awit
sedanipun Eyang Semar ingkang tinimbilan marak sowan wonten pangayunaning Gusti
ingkang murbeng dumadi kalawau dalu tabuh setunggal wonten griya sakit Karyadi.
Mboten sanes namung saged ndherek memuji mugi - mugi alusipun Eyang Semar
Suwargi pikantuk berkah rohmating pangeran, jembar kuburipun, pajar marganipun,
linebura sedaya dosa – dosanipun lan mugi katampia sedaya amal kesaenanipun
satraju kalian lelabetanipun. Kajawi saking punika mugi kulawarga saha putra
wayah ingkang dipun tilar mugi saged nampi pepesthen punika kanthi lila legawa
sabar lan tawakal saha kaparingan kekiatan lair lan batos anggenipun nindakaken
darmaning agesang.
Para takziah ingkang satuhu bagya mulya, nalika taksih sugeng Eyang Semar
sampun kathah sanget lelabetanipun dhateng warga RW 20 lan tansah saged dados
tepa tulada ing babagan suba sita miwah tata krama kanthi punika warisan
ingkang awujud luhuring budi pekerti lan lampah ingkang utami mugi saged dipun lestantunaken
dening putra wayahipun.
Para takziah ingkang satuhu bagya mulya sumangga tansah nyuwunaken
pangapunten sedaya dosa miwah kalepatan Eyang Semar suwargi dhateng Gusti
ingkang Maha Mirah lan mugi Gusti tansah gluberaken samudra pangaksami.
Salajengipun sumangga sareng – sareng ndherekaken punarpanipun Eyang Semar dhateng
astana laya Jonggring Saloka ngantos pari purna.
Ing wasana hambok bilih wonten atur ingkang kirang mranani penggalih kula
nyuwun gunging pangaksami lan matur nuwun awit kawigatosanipun.
Nuwun matur nuwun
Wassalam wr. Wb.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar