ANCER - ANCER
ATURIPUN PANATACARA WONTEN ING ADICARA PASRAH
SARAT SARANA
Assalmualikum WR. Wb
Nuwun kula nuwun
Kasugengan saha
nugraha sih wilasaning Gusti ingkang awujud ketentreman, karahayon, karaharjan
saha gumelaring kabagas warasan mugi tansah kajiwa kasarira wonten jiwangga
panjenengan sedaya dalasan kula waradin sagung dumadi.
Para sesepuh
pinisepuh ingkang lebda ing pamawas miwah pana ing pitutur ingkang dhahat
pinundi pundi, Bp Suto miwah Ibu sarta brayat agung saking tlatah Majapahit
ingkang sinuba ing pakurmatan, saha tamu kakung sumawana putri ingkang satuhu
bagya mulya.
Kula kumawani
ngadeg marak sowan inggih awit mundi dhawuh saking Bp. Noyo sekalian garwa
kinen nderekaken lumadosing adi cara pasrah sarat sarana minangka pangiketing
rembag antawisipun Roro Ayu Rukmiyati kalian putra pawestrinipun Bp. Ibu Noyo
ingkang pepacangan kalian bagus Rukmoroto putra saking Bp. Ibu Suto ing wedal
punika mugi saged lumampah kanthi gangsar mboten manggih rubeda setunggal
punapa.
Mboten kesupen
kula ngaturaken sugeng ndalu, sugeng rawuh, sugeng pepanggihan lan matur nuwun
sanget menggah rawuhipun wonten dalemipun Bp Noyo tlatah Singasari saperlu
hanjenengi adicara pasrah sarat sarana minangka jejangkeping pala krama.
Saderengipun
kula ngaturaken urut rantamaning adicara sumangga penjenengan sedaya kula
dherekaken ngaturaken panuwun dhateng Gusti ingkang maha welas lan asih ingkang
sampun paring pinten – pinten nugraha miwah berkah satemah penjenengan sedaya
dalasan kula saged kempal manunggal kanthi kebag ing karahayon miwah
karaharjan.
Wondene urut
rantamaning adicara ingkang sampun rinantam saha rinakit dening para winasis
inggih punika :
- Pambuka (ingkang nembe kula aturaken)
- Atur pasrah sarat sarana
- Atur panampi sarat sarana
- Pasrah kanthi samudana kalajengaken liru kalpika
- Atur pambagya harja
- Puji pandonga
- Ramah tamah
- Pitepangan kulawarga
- Dahar kembul bujana
- Atur pamit
- Atur waluyan / sugeng kondur
- Panutup.
Mekaten menggah
urut rantamaning adicara pasrah sarat sarana ing wedal punika salajengipun kula
dherekaken lenggah kanthi mardikaning penggalih sinambi hangrerantu laksitaning
adicara salajengipun.
(Pambuka rampung
……… )
Para lenggah
ingkang satuhu kula bekteni, sarehne samudayanipun sampun siaga saged
kalajengaken adicara salajengipun inggih punika Pasrah panampining sarat sarana
saking kulawarga Bp. Suto ingkang badhe dipun sulih salirani dening Bp. Dhadap,
wondene ingkang badhe nampi hanyulihi Bp. Noyo inggih punika Bp. Waru. Katur
ingkang kinurmat Bp. Dhadhap miwah Bp. Waru sasana saha suasana sabda kula sumanggaaken sawetahipun
(Bp. Dhadhap masrahaken sarat sarana .............. )
(Bp. Waru nampi sarat sarana ......................)
Katur Bp. Dhadhap miwah Bp. Waru mugi kepareng jawat asta mratelaaken bilih
anggenipun masrahaken sampun katampi kanthi sae.
Salajengipun pasrah kanthi samudana utawi secara simbolis sarat sarana,
katur dhumateng Bp. Ibu Suto miwah Bp. Ibu Noyo mugi kepareng jumeneng
sawatawis nindakaken adicoro punika.
(Bp. Ibu Suto masrahaken sarat sarana dhateng Bp. Ibu Noyo ............. )
Kasuwun calon penganten sekalian mugi kepareng jumeneng nindakaken adicara liru
kalpika.
(Adicoro liru kalpika lumampah ................ )
Para lenggah ingkang satuhu kula bekteni, mekaten atur pasrah panampi sarat
sarana ngantos adicara liru kalpika sampun lumampah kanthi rancag salajengipun
katur dhumateng ingkang hamengku gati miwah calon kadang besan saha calon
penganten sekalian kula dherekaken lenggah wonten papan sekawit.
Para lenggah ingkang satuhu kula bekteni, sanajan ta kalau wau sampun
ngaturaken sugeng rawuh kanthi jawat asta, Bp. Ibu Noyo dereng marem menawi
dereng ngaturaken sugeng rawuh wonten ngarso panjenengan sedaya. Kanthi punika
Bp. Ibu Noyo nyaroyo dhateng kadang sepuhipun Bp. Godheg. Katur ingkang
kinurmat Bp. Godheg mugi kepareng jumeneng. Wedal kula sumanggaaken.
(Bp. Godheg ngaturaken pambagya harja ..................... )
Matur nuwun katur dhumateng Bp. Godheg ingkang sampun kepareng ngaturaken
panembrama dhateng para tamu sekalian.
Adicara salajengipun hastungkoro / puji pandonga, katur ingkang kinurmat
Bp. H. Sabar Nrimo mugi kepareng mandegani adicara punika.
(Bp. H. Sabar Nrimo mandegani hastungkoro
................. )
Supados tambah raket supeket anggenipun badhe
hamemangun bebesanan langkung prayogi menawi sedaya kulawarga sami tepang,
kanthi punika Bp. Ibu Noyo badhe nepangaken setunggal baka setunggal. Wondene
ingkang piniji nepangaken putra mbajengipun, katur ingkang kinurmat nak mas
Guna Kaya kula sumanggaaken.
(Mas Guna Kaya nepangaken sedaya kulawarganipun
................. )
Kosok wangsulipun Bp. Ibu Suto inggih badhe
nepangaken kulawarganipun ingkang badhe dipun tepangaken dening Mas Sandhang
Tedha. Katur dhumateng Mas Sandhang Tedha kula sumanggaaken.
(Mas Sandhang Tedha nepangaken sedaya kulawarganipun ................ )
Sasampunipun sami tepang sedaya sumangga kula dherekaken hangrahapi
pasugata ingkang sampun kasiagaaken ingkang hamengku gati.
(Sedaya tamu hangrahapi pasugata ................. )
Sampun wonten sasmita saking Bp. Suta bilih anggenipun sowan sampun cekap,
kanti punika lumantar Bp. Dhadhap badhe nyuwun pamit, katur ingkang kinurmat
Bp. Dhadhap kula sumanggaaken.
(Bp. Dhadhap nyuwun pamit ................ )
Katur dhumateng ingkang kinurmat Bp. Waru mugi kepareng ngaturaken sugeng
kondur dhateng calon kadang besan.
(Bp. Waru ngaturaken waluyan / sugeng kondur.................. )
Kanthi mekaten adicara wiwit purwa madya ngantos wasana sampun lumampah
kanthi rancag, hambok bilih anggen kula matur saha nderekaken laksitaning
adicara wonten kekiranganipun kula nyuwun gunging pangaksami
Matur nuwun
Wassallam Wr. Wb
Tidak ada komentar:
Posting Komentar