TANGGAP WACANA
SAKING INGKANG NANDHANG DHUHKITA
Assalmualikum WR. Wb
Para sesepuh pinisepuh, kadang wredha mudha saha sedaya para takziah
ingkang kula hormati, Kula minangka sulih saking kulawarga agung Eyang Semar
suwargi ngaturaken sugeng rawuh dhumateng para takziah sedaya ingkang sampun
kepareng hangrawuhi saha paring pakurmatan ingkang pungkasan dhateng Eyang
Semar suwargi.
Perlu kawuningani bilih Eyang Semar sampun tinimbalan marak sowan dhateng
ngarsaning Gusti ingkang maha kuwaos kalawau dalu tabuh 1 kanthi suasana
kebaking rohmat saking Gusti wonten ing Griya sakit Karyadi inggih karana
nandhang gerah sepuh. Sejatosipun sampun mboten kirang – kirang anggenipun
mbudi daya tamba ing pangajap Eyang Semar saged jati temahing waluyo, waluyo
temahing jati, namung ewadene semanten sedaya kalau mboten saged hanglangkungi
pepesten saking Gusti. Eyang Semar teteb tinimbalan marak sowan wonten
ngarsaning Gusti Innalillahi wainaillaihi raji’un. Eyang Semar nilar putra
cacah 5 lan wayah cacah 10 lan layonipun badhe kasareaken wonten astana laya Jonggring
saloka.
Lumantar kula kulawarga agung Eyang Semar suwargi ngaturaken gunging
panuwun ingkang tanpa upami dhateng sedaya para takziah lan tanggi tepalih
ingkang sampun kepareng ngentheng – enthengi saha atur panglipur dhateng
kulawarga ingkang nandhang dhuhkita. Mugi – mugi sedaya kalawau pikantuk
piwales saking Gusti minangka amal kesaenan tumrap penjenengan sedaya.
Hambok bilih sak dangunipun gesang wonten ing alam padhang Eyang Semar
sampun asring damel kalepatan dhateng para takziah sedaya, lumantar kula Eyang
Semar nyuwun pangapunten lan hambok bilih para takziah gadhah kalepatan dhateng
Eyang Semar mugi Gusti tansah paring pangaksami.
Kajawi punika hambok bilih nalika taksih sugeng Eyang Semar gadhah utang
piutang kalian para takziah mugi kepareng dipun rampungaken kalian kulawarga
ingkang tinilar supados mboten dados pepalang tumrap alusipun Eyang Semar
anggenipun marak sowan dhateng Gusti.
Salajengipun dipun suwun kanthi sanget mugi para takziah kepareng paring
puji pandonga dhateng Eyang Semar Suwargi lan kepareng nderekaken layonipun
Eyang Semar dhateng astana laya
Jonggring saloka, namung hambok bilih taksih wonten ayahan ingkang mboten saged
tinilar kulawarga agung saking Eyang
Semar Suwargi tebih saking panundhung ngaturaken sugeng ngayahi jejibahan lan
matur nuwun sanget menggah rawuhipun.
Ing wasana kula minangka sulih sarira saking kulawarga agung Eyang Semar
hambok bilih wonten cicir cewetipun anggen kula matur inggih sedaya kalawau
awit kirangipun seserepan kula ing babagan basa tuwin sastra kula nyuwun
gunging pangaksami. Matur nuwun
Wassalam wr. Wb.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar