Sabtu, 29 Desember 2012

Atur Panampi Lamaran





ATUR PANAMPI LAMARAN


Nuwun, nuwun, nuwun, kula nuwun.
Assalamualaikum wr. wb.

Para sesepuh, para pinisepuh dalasan para lenggah ingkang dhahat kinurmatan, langkung - langkung brayat agung panjenenganipun adhimas Harjuno ingkang dipun sulih sarirani dening panjenenganipun Adhimas Nakulo lan kaamping – ampingi dening adhimas Werkudoro lan adhimas Sadewo

Katentreman, karahayon, karaharjan lan kabagaswarasan inggih awit saking rakhmating Gusti ingkang maha Agung mugi tansah lumintu dhateng panjenengan sedaya dalasan kula waradin sagung kulawarga.

Kula pun Patih Udowo kumawani matur wonten ngarso panjenengan inggih awit mundi dhawuh saking kangmas Kresna sarimbit :

Ingkang sepisan :
Paring pangabekti saha salam taklim saking adhimas Harjuno miwah brayat agung wonten madukoro sampun kula tampi lan enggal kula aturaken dhateng para sesepuh pini sepuh miwah kang mas Kresna sakulawangsa kosok wangsulipun mugi salam taklim saking kang mas Kresna sakulawarga mugi kaaturaken dateng panjenenganipun adhimas Harjuno sabrayat kairing panyuwunan mugi Gusti tansah paring panuntun, pangayoman saha berkah

Ingkang kaping kalihipun :
Sejatosipun kang mas Kresna sakulawarga estu - estu sampun kapang kalian adhimas Harjuno, namung kados pundi malih menawi pancen taksih kathah ayahan mugi adhimas Harjuno saged ngrampungaken kanthi sae lan sanes wedal saged tuwi dhateng papan ngriki.

Dene kaping tiganipun :
Magepokan kalian krentegipun adhimas Harjuno anggenipun badhe nyuwun roro ayu Dewi Supraba badhe kadadosaken jatukramane bagus Abimanyu, bab punika purba wasesa sawetahipun wonten astaning kang mas Kresna sarimbit minangka tiyang sepuhipun saha roro ayu Dewi Supraba ingkang badhe nglampahi. “Kados pundi kang mas Kresna punapa roro Supraba sampun mangertos lan sampun dipun taros?” Kang mas Kresna manthuk ateges dereng wonten rembag ingkang gumathok kalian pria sanes, kajawi punika ingkang nglampahi saha sedaya kulawarga sampun sarujuk naging sejatosipun roro ayu Dewi Supraba taksih kirang sanget pangertosanipun langkung – langkung ing babagan subasita miwah tata krama. Menawi bab – bab ingkang mekaten sampun kagalih miwah kapetang, mboten sanes namung sumangga.        

Mekaten menggah atur kula, dene kula minangka sulih sarira saking kang mas Kresna sakulawangsa, hambok bilih wonten sisip sembiring atur, patrap ingkang murang tata, keparenga paring pangaksama.

Nuwun, nuwun, nuwun, matur nuwun
Wassalamualaikum wr. wb.              

Tidak ada komentar:

Posting Komentar