Minggu, 30 Desember 2012

Tanggap Wacana RW





TANGGAP WACANA
ATUR PAMBELA SUNGKAWA SAKING PANGARSA RW


Assalmualikum WR. Wb
Nuwun kula nuwun
Innalillahi wainaillaihi raji’un.

Para takziah ingkang satuhu bagya mulya,
Kula minangka sulih sarira saking warga RW 20 ndherek belasungkawa inggih awit sedanipun Eyang Semar ingkang tinimbilan marak sowan wonten pangayunaning Gusti ingkang murbeng dumadi kalawau dalu tabuh setunggal wonten griya sakit Karyadi.

Mboten sanes namung saged ndherek memuji mugi - mugi alusipun Eyang Semar Suwargi pikantuk berkah rohmating pangeran, jembar kuburipun, pajar marganipun, linebura sedaya dosa – dosanipun lan mugi katampia sedaya amal kesaenanipun satraju kalian lelabetanipun. Kajawi saking punika mugi kulawarga saha putra wayah ingkang dipun tilar mugi saged nampi pepesthen punika kanthi lila legawa sabar lan tawakal saha kaparingan kekiatan lair lan batos anggenipun nindakaken darmaning agesang.

Para takziah ingkang satuhu bagya mulya, nalika taksih sugeng Eyang Semar sampun kathah sanget lelabetanipun dhateng warga RW 20 lan tansah saged dados tepa tulada ing babagan suba sita miwah tata krama kanthi punika warisan ingkang awujud luhuring budi pekerti lan lampah ingkang utami mugi saged dipun lestantunaken dening putra wayahipun.

Para takziah ingkang satuhu bagya mulya sumangga tansah nyuwunaken pangapunten sedaya dosa miwah kalepatan Eyang Semar suwargi dhateng Gusti ingkang Maha Mirah lan mugi Gusti tansah gluberaken samudra pangaksami.

Salajengipun sumangga sareng – sareng ndherekaken punarpanipun Eyang Semar dhateng astana laya Jonggring Saloka ngantos pari purna.

Ing wasana hambok bilih wonten atur ingkang kirang mranani penggalih kula nyuwun gunging pangaksami lan matur nuwun awit kawigatosanipun.
Nuwun matur nuwun
Wassalam wr. Wb.  
      

Tidak ada komentar:

Posting Komentar