Sabtu, 29 Desember 2012

Hastungkoro




HASTUNGKORO PAMBUKA
Para kadang sedaya, saderengipun pepanggihan ing dalu punika kawiwitan sumangga penjenengan sedaya kula dherekaken manengkupujabrata dhateng Gusti ingkang maha agung mugi pepanggihan punika wiwit purwa, madya ngantos dumugining wasana saged lumampah kanthi rancag mboten wonten pambeng setunggal punapa lan ngasilaken seserepan ingkang migunani tumrap penjenengan sedaya dalasan kula. Manengkupuja nut agami saha gegebengan sowang – sowang kawiwitan
(Sedaya ingkang rawuh sami ndedonga sacekapipun .......... )
Menengkupuja purna.

 
HASTUNGKORO PANUTUP
Para kadang sedaya ing dalu punika pepanggihan sampun lumampah kanthi sae lan rancag namung saderengipun pepanggihan dipun pungkasi sumangga penjenengan sedaya kula dherekaken nyenyuwun dhateng Gusti ingkang maha agung mugi Gusti tansah kepareng hangayomi lampah penjenengan sedaya dalasan kula ngantos dumugi papan panggenan sowang – sowang lan saged pinanggih malih ing pepanggihan candakipun. Hastungkoro nut agami saha gegebengan sowang – sowang kawiwitan.
(Sedaya ingkang rawuh sami ndedonga sacekapipun .......... )
Hastungkara purna.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar