Minggu, 30 Desember 2012

Tanggap Wacana RT




TANGGAP WACANA
ATUR PAMBELA SUNGKAWA SAKING PANGARSA RT


Assalmualikum WR. Wb
Para takziah ingkang kula hormati, Innalillahi wainaillaihi raji’un manungsa punika namung kagunganipun Gusti, dhateng Gustinipun titah punika badhe wangsul.

Nuwun kula nuwun,
Kula minangka salih sarira saking warga RT 20 ndherek belasungkawa inggih awit sedanipun  Eyang Semar ingkang tinimbilan marak sowan wonten pangayunaning Gusti ingkang murbeng dumadi kalawau dalu tabuh setunggal wonten griya sakit Karyadi.

Mboten sanes warga RT 20 namung saged ndherek memuji mugi - mugi Eyang Semar suwargi dipun paringi pangapunten sedaya dosa miwah kalepatanipun nalika taksih ngangge badan wadag lan mugi alusipun saged wangsul dhateng alam kelanggengan, alam kesucian inggih alam kasuwargan. Kajawi saking punika mugi kulawarga saha putra wayah ingkang tinilar mugi dipun paringi kekiatan lahir lan batos satemah saged nampi pacoben punika kanthi tabah lan ikhlas.

Langkung saking punika warga RT 20 estu – estu ruamos kicalan kanthi sedanipun Eyang Semar inggih awit Eyang Semar sampun kathah sanget lelabetanipun dhateng warga RT 20 lan tansah saged dados tepa tulada ing babagan suba sita tata krama lan anggenipun sesrawungan ing bebrayan agung.

Kula minangka sulih sasrira saking warga RT 20 nyuwunaken pangapunten hambok bilih wonten warga RT 20 ingkang gadhah kalepatan dhateng Eyang Semar suwargi kosok wangsulipun hambok bilih Eyang semar kagungan kalepatan dhateng warga RT 20 mugi Gusti ingkang Maha Mirah tansah gluberaken samudra pangaksami.

Katur dhumateng para takziah mirungganipun warga RT 20 sumangga sareng – sareng ndherekaken layonipun Eyang Semar dhateng astana laya Jonggring Saloka.

Minangka pepuntaning atur hambok bilih wonten klenta – klentunipun rembag saking kula ingkang kirang mranani kula nyuwun gunging pangaksami.
Matur nuwun
Wassalam wr. Wb.   

Tidak ada komentar:

Posting Komentar