Sabtu, 29 Desember 2012

Panatacara Pambidaling Layon




ANCER - ANCER
ATURIPUN PANATACARA WONTEN ING UPACARA PAMBIDALING LAYON

Assalmualikum WR. Wb
Sih rahmat tentrem rahayu inggih awit peparing Gusti ingkang maha agung mugi tansah kajiwa kasarira wonten jiwangga penjenengan sedaya dalasan kula waradin sagung dumadi.
Para sesepuh pinisepuh ingkang mahambeg ing darmo, para kadang wreda muda ingkang kula bekteni saha para takziah / pambelasungkawa ingkang satuhu bagya mulya,
Innalillahi wainaillaihi rajiun, sampun marak sowan wonten pangayunaning Gusti ingkang maha agung inggih titahing Gusti ingkang kinasih Bp/Ibu .................... kalawau dalu tabuh .................... kanthi suasana ingkang tentrem ayem tur jinem, badhe kapetak wonten astana laya ...............................................................
Kula ingkang kapatah minangka pambiwara ngaturaken sugeng siang, sugeng rawuh, sugeng pepanggihan lan matur nuwun sanget menggah rawuhipun.
Saderengipun kula ngaturaken urut rantamaning upacara pambidaling layon sumangga penjenengan sedaya kula dherekaken ngaturaken panuwun dhateng Gusti ingkang maha welas lan asih ingkang sampun paring pinten – pinten nugraha miwah berkah satemah penjenengan sedaya dalasan kula saged kempal manunggal kanthi kebag ing karahayon miwah karaharjan.
Mboten kesupen sholawat sarta salam tansah kaunjukaken dhateng junjungan nabi agung Muhammad saw ingkang tansah dipun tengga safaatipun mangke ing dinten yaumul kiyamah.

Wondene urut rantamaning upacara pambidaling layon :
1. Pambuka
2. Atur pambagyaharja saking ingkang nandhang duhkita
3. Atur pambelasungkawa saking warga RT ........... 
4. Atur pambelasungkawa saking warga RW ............
5. Uapara adat brobosan
6. Pambidaling layon.

Para takziah/pambelasungkawa ingkang satuhu bagya mulya inggih awit wekdal sampun nedahaken badhe tabuh setunggal sumangga upacara pambidaling layon enggal kawiwitan kanthi waosan umul kitab. Alfatehah ...............................................
Minangka adicara salajengipun inggih atur pambagya harja saking ingkang nandhang duhkita ingkang wekdal punika dipun sulih sarirani dening Bp. ............ Katur dhumateng Bp. ..................... wekdal kula sumanggaaken.

(Pambagyaharja saking ingkang nandhang duhkita .......................................................)

Para takziah/pambelasungkawa ingkang satuhu bagya mulya mekaten atur pambagya harja saking ingkang nandang duhkita sampun kawedar salajengipun adicara atur pambela sungkawa saking warga RT ........... ingkang badhe dipun sulih sarirani dening bapa pangarsa RT ........... katur ingkang kinurmat Bp. ................ suasana sabda kula pasrahaken sawetahipun.

(Atur pambela sungkawa Bp. Pangarsa RT ...................................................................)

Para takziah/pambela sungkawa ingkang satuhu bagya mulya ndungkap adicara salajengipun inggih punika atur pambela sungkawa saking warga RW ............ ingkang badhe dipun sulih sarirani dening Bp pangarsa RW ......... katur ingkang kinurmat Bp. ................ sasana saha suasana sabda kula sumanggaaken sawetahipun.

(Atur pambela sungkawa Bp. Pangarsa RW ..................................................................)

Wondene adicara salajengipun inggih punika upacara adat brobosan, kanthi punika katur dhumateng sedaya putra wayah Bp/Ibu ................ suwargi mugi kepareng kempal nindakaken upacara punika kanthi mbrobos kaping tiga.

(Putra wayah sami nindakaken upacara brobosan .........................................................)

Sampun paripurna upacara brobosan kalajengaken upacara pambidaling layon ingkang badhe dipun pandhegani dening Bp. Modin. Kula ingkang kapatah ndhrekaken upacara punika hambok bilih wonten patrap saha galap gangsuling atur ingkang kirang nuju prana kula nyuwun pangapunten ingkang kathah lan matur nuwun. Wassalam wr. Wb.
Salajengipun wekdal kula pasrahaken dhateng Bp. Modin 
        

Tidak ada komentar:

Posting Komentar