Sabtu, 29 Desember 2012

Tanggap Wacana Duhkita





TANGGAP WACANA
SAKING INGKANG NANDHANG DHUHKITA

Assalmualikum WR. Wb
Para sesepuh pinisepuh, kadang wredha mudha saha sedaya para takziah ingkang kula hormati, Kula minangka sulih saking kulawarga agung Eyang Semar suwargi ngaturaken sugeng rawuh dhumateng para takziah sedaya ingkang sampun kepareng hangrawuhi saha paring pakurmatan ingkang pungkasan dhateng Eyang Semar suwargi.

Perlu kawuningani bilih Eyang Semar sampun tinimbalan marak sowan dhateng ngarsaning Gusti ingkang maha kuwaos kalawau dalu tabuh 1 kanthi suasana kebaking rohmat saking Gusti wonten ing Griya sakit Karyadi inggih karana nandhang gerah sepuh. Sejatosipun sampun mboten kirang – kirang anggenipun mbudi daya tamba ing pangajap Eyang Semar saged jati temahing waluyo, waluyo temahing jati, namung ewadene semanten sedaya kalau mboten saged hanglangkungi pepesten saking Gusti. Eyang Semar teteb tinimbalan marak sowan wonten ngarsaning Gusti Innalillahi wainaillaihi raji’un. Eyang Semar nilar putra cacah 5 lan wayah cacah 10 lan layonipun badhe kasareaken wonten astana laya Jonggring saloka.

Lumantar kula kulawarga agung Eyang Semar suwargi ngaturaken gunging panuwun ingkang tanpa upami dhateng sedaya para takziah lan tanggi tepalih ingkang sampun kepareng ngentheng – enthengi saha atur panglipur dhateng kulawarga ingkang nandhang dhuhkita. Mugi – mugi sedaya kalawau pikantuk piwales saking Gusti minangka amal kesaenan tumrap penjenengan sedaya.

Hambok bilih sak dangunipun gesang wonten ing alam padhang Eyang Semar sampun asring damel kalepatan dhateng para takziah sedaya, lumantar kula Eyang Semar nyuwun pangapunten lan hambok bilih para takziah gadhah kalepatan dhateng Eyang Semar mugi Gusti tansah paring pangaksami.

Kajawi punika hambok bilih nalika taksih sugeng Eyang Semar gadhah utang piutang kalian para takziah mugi kepareng dipun rampungaken kalian kulawarga ingkang tinilar supados mboten dados pepalang tumrap alusipun Eyang Semar anggenipun marak sowan dhateng Gusti.

Salajengipun dipun suwun kanthi sanget mugi para takziah kepareng paring puji pandonga dhateng Eyang Semar Suwargi lan kepareng nderekaken layonipun Eyang Semar dhateng  astana laya Jonggring saloka, namung hambok bilih taksih wonten ayahan ingkang mboten saged tinilar  kulawarga agung saking Eyang Semar Suwargi tebih saking panundhung ngaturaken sugeng ngayahi jejibahan lan matur nuwun sanget menggah rawuhipun.

Ing wasana kula minangka sulih sarira saking kulawarga agung Eyang Semar hambok bilih wonten cicir cewetipun anggen kula matur inggih sedaya kalawau awit kirangipun seserepan kula ing babagan basa tuwin sastra kula nyuwun gunging pangaksami. Matur nuwun
Wassalam wr. Wb.      

Tidak ada komentar:

Posting Komentar