Sabtu, 29 Desember 2012

Atur Pasrah Lamaran




ATUR PASRAH LAMARAN

Nuwun, nuwun, nuwun, kula nuwun.
Assalamualaikum wr. wb.

Puja puji sokur konjuk ing sahandap pepadaning Gusti ingkang Maha Agung ingkang sampun kepareng paring pangayoman dhateng lampah kula wiwit saking nggriya ngantos ing dalem ngriki kanthi kawilujengan.
Sih rahmating Gusti ingkang maha wikan mugi tansah tumedhak, saha tumanduk ing sariranipun kang mas Kresna sakulawarga wiwit titiwanci kalenggahan punika ngantos dumugi ing jaman patimbalan.
Keparengna kula tetiga anepangaken , kula pun Nakula dene sisih tengen kula punika kang mas Werkudoro lan sisih kiwa adhimas Sadewa. Wondene sowan kula tetiga minangka utusan saking kang mas Harjuno :

Sepisan
Kang mas Harjuno ngaturaken sungkem pangabekti katur ing ngarsanipun para sesepuh pini sepuh ing ngriki, saha ngaturaken salam taklim mugi katur dhateng kang mas Kresna, mboten kesupen ugi paring pandonga dhateng putra wayah kinasih.

Kaping kalihipun
Tadhah deduka inggih awit kang mas Harjuno mboten saged sowan piyambak ing ngarsanipun kang mas Kresna jalaran taksih kabidung ing bot repoting pakaryan. Awit saking punika kang mas Kresna namung nyuwun lumunturing sih pangapunten, kanthi aprajanji bilih sanes wedal badhe merloaken sowan.

Menggah ingkang kaping tiga
Ingkang mujudaken wigatosing rembag inggih punika kang mas Harjuno sanget oneng ing penggalih jalaran tinangisan dening putra kakungipun ingkang akekasih anak mas bagus Abimanyu ingkang sanget kayungyun saha kasmaran dhateng putra putrinipun kang mas Kresna ingkang asesilih roro ayu Dewi Supraba. Paribasan siang tan arsa dhahar dalu tan arsa sare namung citranipun roro ayu Dewi Supraba ingkang kumanthil kanthil wonten ing pandoming netra.
Pramila kanthi andhap asoring manah sowan kula saperlu ngebun – ebun enjang ajejawah sonten hambok bilih dereng wonten rembag ingkang gumathok kalian pria sanes mugi wonten keparengipun kang mas Kresna maringaken roro ayu Dewi Supraba minangka jatukrama lan lelimbangane gesang tumrap bagus Abimanyu.
Wondene menawi atur panyuwunan punika mboten dados karenaning penggalih tumrap kang mas Kresna kula namung hanyenyadhong lumunturing sih pangapunten.
Murih sawangsul kula sowan ing ngarsaning kang mas Harjuno saged atur palapuran, keparengna kang mas Kresna paring dhawuh pancasan tumrap panyuwunanipun kang mas Harjuno miwah bagus Abimanyu.
Mekaten ingkang dados atur kula matur nuwun sanget menggah kawigatosanipun lan nyuwun pangapunten hambok wonten bab – bab ingkang damel kirang sukarena.
Nuwun, nuwun, nuwun, matur nuwun
Wassalamualaikum wr. wb.          

1 komentar:

  1. beasa jawi sampun kantun wonten ing cyber media. wondhene blog punika mugi dhadhosa simpenan bilih kala semanten taksih wonten kabudhayan ingkang kadhos makaten alus lan titinipun: bukti nyata bilih bangsa jawi sanes sakadha rbangsa ingkang namun mbujeng betah kadhonyan, sa grta uh basa ilan kabudhayan ingkang adhi linuhung. nadhyan jaman samangke kantun gaduh ndhangndhut tuwin samudhayanipun namung sakadhar 'asal (maasih) hidup.'

    BalasHapus