Minggu, 30 Desember 2012

Atur Pasrah Syarat Sarono




ATUR PASRAH SARAT SARONO

Nuwun, nuwun, nuwun, kula nuwun.
Assalamualaikum wr. wb.

Puja puji syukur konjuk ing sahandap pepadaning Gusti ingkang Maha Agung ingkang sampun kepareng paring pangayoman dhateng lampah kula wiwit saking nggriya ngantos ing dalem ngriki kanthi kawilujengan.
Sih rahmating Gusti ingkang maha wikan mugi tansah tumedhak, saha tumanduk ing sariranipun bapa …………….. (tiyang sepuhipun CPI) sakulawarga wiwit titiwanci kalenggahan punika ngantos dumugi ing jaman patimbalan.
Kula kumawani ngadeg marak sowan wonten ngarso penjenengan inggih awit mundhi dhawuh saking kadang anom kulo ………….. (tiyang sepuhipun CPA), wondene ingkang dados wigatosing sedya 

Sepisan
Adimas ................ (tiyang sepuhipun CPA) ngaturaken sungkem pangabekti katur ing ngarsanipun para sesepuh pini sepuh ing ngriki, saha ngaturaken salam taklim mugi katur dhateng bapa ................. (tiyang sepuhipun CPI), mboten kesupen ugi paring pandonga dhateng putra wayah kinasih.

Kaping kalihipun
Kula kadhawuhan hangaturaken syarat sarono minangka paningset anggenipun pepacangan antawispun .......................... kalian ................................ Wondene wujudipun :
a.   Gedhang ayu
      Gegadhanganipun rama ibu mugi calon penganten tansah rahayu selami – laminipun
b.   Suruh temu rosipun
      Mugi calon penganten tansah cumbuh satemah saged guyub rukun saeka praya ing sedya saeka kapti ing pakarti.
c.   Jadah wajik jenang lan lapis
      Mugi calon penganten saged kelet lengket nyawiji tumraping budi, cipta, rasa miwah karsa satemah mangun brayat ingkang ayen lan tentrem.
d.   Ageman sapengadeg
      Minangka pralambng bilih calon penganten kakung sampun sumadya wewadosing garwanipun.
e.   Rerenggan mas - masan
      Pamrihipun kajawi hamimbuhi sulistyaning warni calon penganten putri, inggih mahanani sulistyaning asma garwanipun.
f.    Woh - wohan
      Pangajabing rama ibu mugi calon penganten enggal kaparingan momongan ingkang migunani tumrap diri pribadi, kulawarga, bebrayan, nusa, bangsa lan agaminipun.
g.   Kalpika ( cincin )
      Ingkang wujudipun bunder seser tur gilig mujudaken pralambang golong giliging prasetayaning calon penganten kakung putri anggenipun badhe amemangun bale wisma.
h.   Arta (buwuh)
      Minangka imbuh anggenipun badhe ewuh.
Sedaya kalawau menawi kabiji kerta ajinipun pancen mboten sepinteno namung mratelaaken bilih adhimas ................... (tiyang sepuhipun CPA) estu – estu anggenipun badhe amemangun bebesanan kalian bapa ..................... ( tiyang sepuhipun CPI)     

Menggah ingkang kaping tiga
Hambok bilih sowan kula miwah miwah para kadang sampun damel bot repoting kulawarga ngriki mboten sanes nyuwun lumunturing pangaksami.

Ing wasana minangka talanging atur hambok bilih wonten cicir cewetipun anggen kula matur saha wonten bab – bab ingkang damel kirang sukarena kula nyuwun pangapunten.
Nuwun, nuwun, nuwun, matur nuwun
Wassalamualaikum wr. wb.          

Tidak ada komentar:

Posting Komentar