Minggu, 30 Desember 2012

Atur Panampi Sarat Sarono




ATUR PANAMPI SARAT SARONO


Nuwun, nuwun, nuwun, kula nuwun.
Assalamualaikum wr. wb.

Para sesepuh, para pinisepuh dalasan para lenggah ingkang dhahat kinurmatan, langkung - langkung brayat agung panjenenganipun Bp. ……….. ingkang dipun sulih sarirani dening panjenenganipun Bp. ……………..

Katentreman, karahayon, karaharjan lan kabagaswarasan inggih awit saking rakhmating Gusti ingkang maha Agung mugi tansah lumintu dhateng panjenengan sedaya dalasan kula waradin sagung kulawarga.

Kula kumawani marak sowan hanggempil kamardikan panjenengan sedaya ingkang nembe eco sekeco wawan rembag inggih awit mundi dhawuh saking Bp. ……….. sarimbit :

Ingkang sepisan :
Salam taklim saking Bp. ………..… miwah brayat sampun kula tampi lan enggal kula aturaken dhateng Bp. …………….. sakulawangsa kosok wangsulipun mugi salam taklim saking Bp. ……………. sakulawarga mugi kaaturaken dateng panjenenganipun Bp. …………….. sabrayat kairing panyuwunan mugi Gusti tansah paring panuntun, pangayoman saha berkah

Ingkang kaping kalihipun :
Anggenipun masrahaken sarat sarana minangka jejangkeping palakrama ingkang awujud ageman sapengadek, jajan pasar, ubarampe panembah, kalpiko, arto minangka buwuh lan sanes – sanesipun inggih sampun kula tampi kanthi suka rena penggalih lan enggal – enggal kula aturaken ingkang hamengkugati, mugi – mugi sedaya kalawau pikantuk piwales saking Gusti ingkang satraju kalian sedya tama panjenengan 

Dene kaping tiganipun :
Hambok bilih anggen kula nampi karawuhan panjenengan sedaya dereng cumbuh kalian tri trapsilaning hanampi tamu ingkang magepokan kalian gupuh, lungguh lan suguh kula nyuwun gunging pangaksami

Mekaten menggah atur kula, dene kula minangka sulih sarira saking Bp. …………….. sakulawangsa, hambok bilih wonten sisip sembiring atur, patrap ingkang murang tata, keparenga paring pangaksama.

Nuwun, nuwun, nuwun, matur nuwun
Wassalamualaikum wr. wb.            

Tidak ada komentar:

Posting Komentar