Minggu, 30 Desember 2012

Panatacara Sarat Sarono




ANCER - ANCER
ATURIPUN PANATACARA WONTEN ING ADICARA PASRAH SARAT SARANA

Assalmualikum WR. Wb
Nuwun kula nuwun
Kasugengan saha nugraha sih wilasaning Gusti ingkang awujud ketentreman, karahayon, karaharjan saha gumelaring kabagas warasan mugi tansah kajiwa kasarira wonten jiwangga panjenengan sedaya dalasan kula waradin sagung dumadi.
Para sesepuh pinisepuh ingkang lebda ing pamawas miwah pana ing pitutur ingkang dhahat pinundi pundi, Bp Suto miwah Ibu sarta brayat agung saking tlatah Majapahit ingkang sinuba ing pakurmatan, saha tamu kakung sumawana putri ingkang satuhu bagya mulya.
Kula kumawani ngadeg marak sowan inggih awit mundi dhawuh saking Bp. Noyo sekalian garwa kinen nderekaken lumadosing adi cara pasrah sarat sarana minangka pangiketing rembag antawisipun Roro Ayu Rukmiyati kalian putra pawestrinipun Bp. Ibu Noyo ingkang pepacangan kalian bagus Rukmoroto putra saking Bp. Ibu Suto ing wedal punika mugi saged lumampah kanthi gangsar mboten manggih rubeda setunggal punapa.
Mboten kesupen kula ngaturaken sugeng ndalu, sugeng rawuh, sugeng pepanggihan lan matur nuwun sanget menggah rawuhipun wonten dalemipun Bp Noyo tlatah Singasari saperlu hanjenengi adicara pasrah sarat sarana minangka jejangkeping pala krama.
Saderengipun kula ngaturaken urut rantamaning adicara sumangga penjenengan sedaya kula dherekaken ngaturaken panuwun dhateng Gusti ingkang maha welas lan asih ingkang sampun paring pinten – pinten nugraha miwah berkah satemah penjenengan sedaya dalasan kula saged kempal manunggal kanthi kebag ing karahayon miwah karaharjan.
Wondene urut rantamaning adicara ingkang sampun rinantam saha rinakit dening para winasis inggih punika :
  1. Pambuka (ingkang nembe kula aturaken)
  2. Atur pasrah sarat sarana
  3. Atur panampi sarat sarana
  4. Pasrah kanthi samudana kalajengaken liru kalpika
  5. Atur pambagya harja
  6. Puji pandonga
  7. Ramah tamah
    1. Pitepangan kulawarga
    2. Dahar kembul bujana
  8. Atur pamit
  9. Atur waluyan / sugeng kondur
  10. Panutup.
Mekaten menggah urut rantamaning adicara pasrah sarat sarana ing wedal punika salajengipun kula dherekaken lenggah kanthi mardikaning penggalih sinambi hangrerantu laksitaning adicara salajengipun.
(Pambuka rampung ……… )
Para lenggah ingkang satuhu kula bekteni, sarehne samudayanipun sampun siaga saged kalajengaken adicara salajengipun inggih punika Pasrah panampining sarat sarana saking kulawarga Bp. Suto ingkang badhe dipun sulih salirani dening Bp. Dhadap, wondene ingkang badhe nampi hanyulihi Bp. Noyo inggih punika Bp. Waru. Katur ingkang kinurmat Bp. Dhadhap miwah Bp. Waru sasana saha suasana sabda kula sumanggaaken sawetahipun
(Bp. Dhadhap masrahaken sarat sarana .............. )
(Bp. Waru nampi sarat sarana ......................)
Katur Bp. Dhadhap miwah Bp. Waru mugi kepareng jawat asta mratelaaken bilih anggenipun masrahaken sampun katampi kanthi sae.
Salajengipun pasrah kanthi samudana utawi secara simbolis sarat sarana, katur dhumateng Bp. Ibu Suto miwah Bp. Ibu Noyo mugi kepareng jumeneng sawatawis nindakaken adicoro punika.
(Bp. Ibu Suto masrahaken sarat sarana dhateng Bp. Ibu Noyo ............. )
Kasuwun calon penganten sekalian mugi kepareng jumeneng nindakaken adicara liru kalpika.
(Adicoro liru kalpika lumampah ................ )
Para lenggah ingkang satuhu kula bekteni, mekaten atur pasrah panampi sarat sarana ngantos adicara liru kalpika sampun lumampah kanthi rancag salajengipun katur dhumateng ingkang hamengku gati miwah calon kadang besan saha calon penganten sekalian kula dherekaken lenggah wonten papan sekawit.
Para lenggah ingkang satuhu kula bekteni, sanajan ta kalau wau sampun ngaturaken sugeng rawuh kanthi jawat asta, Bp. Ibu Noyo dereng marem menawi dereng ngaturaken sugeng rawuh wonten ngarso panjenengan sedaya. Kanthi punika Bp. Ibu Noyo nyaroyo dhateng kadang sepuhipun Bp. Godheg. Katur ingkang kinurmat Bp. Godheg mugi kepareng jumeneng. Wedal kula sumanggaaken.
(Bp. Godheg ngaturaken pambagya harja ..................... )
Matur nuwun katur dhumateng Bp. Godheg ingkang sampun kepareng ngaturaken panembrama dhateng para tamu sekalian.
Adicara salajengipun hastungkoro / puji pandonga, katur ingkang kinurmat Bp. H. Sabar Nrimo mugi kepareng mandegani adicara punika.
(Bp. H. Sabar Nrimo mandegani hastungkoro ................. )
Supados tambah raket supeket anggenipun badhe hamemangun bebesanan langkung prayogi menawi sedaya kulawarga sami tepang, kanthi punika Bp. Ibu Noyo badhe nepangaken setunggal baka setunggal. Wondene ingkang piniji nepangaken putra mbajengipun, katur ingkang kinurmat nak mas Guna Kaya kula sumanggaaken.
(Mas Guna Kaya nepangaken sedaya kulawarganipun ................. )
Kosok wangsulipun Bp. Ibu Suto inggih badhe nepangaken kulawarganipun ingkang badhe dipun tepangaken dening Mas Sandhang Tedha. Katur dhumateng Mas Sandhang Tedha kula sumanggaaken.
(Mas Sandhang Tedha nepangaken sedaya kulawarganipun ................ )
Sasampunipun sami tepang sedaya sumangga kula dherekaken hangrahapi pasugata ingkang sampun kasiagaaken ingkang hamengku gati.
(Sedaya tamu hangrahapi pasugata ................. )
Sampun wonten sasmita saking Bp. Suta bilih anggenipun sowan sampun cekap, kanti punika lumantar Bp. Dhadhap badhe nyuwun pamit, katur ingkang kinurmat Bp. Dhadhap kula sumanggaaken.
(Bp. Dhadhap nyuwun pamit ................ )
Katur dhumateng ingkang kinurmat Bp. Waru mugi kepareng ngaturaken sugeng kondur dhateng calon kadang besan.
(Bp. Waru ngaturaken waluyan / sugeng kondur.................. )
Kanthi mekaten adicara wiwit purwa madya ngantos wasana sampun lumampah kanthi rancag, hambok bilih anggen kula matur saha nderekaken laksitaning adicara wonten kekiranganipun kula nyuwun gunging pangaksami
Matur nuwun
Wassallam Wr. Wb  

Tidak ada komentar:

Posting Komentar